Minggu, 09 Oktober 2016

RAMAYANA

Ramayana nyritakake Dewi Sinta garwane Sri Rama kang kadusta dening Rahwana. 


Prabu Dasarata, ratu Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi Kosalya lan garwa selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi Kekayi peputra Bharata lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aran Lesmana lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang jejuluk Resi Wiswamitra njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbebasake pertapane saka para raseksa. Rama lan Lesmana banjur budhal. Ing pertapan iku, Rama lan Lesmana kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe, kkekarone banjur tumuju negara Manthili saperlu melu sayembara menthang gandewa. Sok sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka yaiku Dewi Sinta. Kabeh pasarta wus siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap gandewa. Ora ana kang kasil menthangake gandewa mau kejaba Sri Rama. Sawise Rama kadhaupake, Sinta banjur kaboyong bali menyang Ayodya didherekake Lesmana.

Ing Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih janji. nalika sadhurunge dipundhut garwa, kekayi duwe panyuwunan yen peputra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot, Dasarata ngabulake panyuwunane kekayi. Saka pokal culikane kekayi, Rama wurung dadi ratu malah kudu nglakoni ukuman dubuwang ing alas Dhandaka 13 taun suwene. Rama, Sinta, lan Lesmana banjur ngumbara nilar kedhaton.

Ing alas Dhandaka, ana raseksi aran Sarpakenaka kasengsem marang Lesmana. Kanggo ngrayu Lesmana, Sarpakenaka banjur memba dadi wanodya ayu. Ananging Lesmana ora mempan kagodha, malah irunge Sarpakenaka kairis. Sarpakenaka nesu banjur wadul marang kangmase, yaiku Rahwana lan mbujuk supaya nyulik garwane Rama kang ayu rupane. Rahwana arsa ndusta Dewi Sinta amarga ngerti menawa Dewi Sinta iku titisane Widowati, bojone. Mula sang Rahwana banjur ndawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik sinta. Marica memba dadi kidang emas kang endah. Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya kidang emas iku dibedhang. Rama budhal dewe ninggal Sinta lan Lesmana. Si kidang emas limpad banget, ora bisa kacekel. Wusanane, Sri Rama anyel banjur nglepasake panah. Si kidang emas njerit kelaran lan mati, owah malih dadi raseksa. Krungu panjeriting wong kang kelaran, Sinta banjur ngutus Lesmana supaya nggoleki Rama. Lesmana ora gelem budhal amarga kajibah njaga sinta. Sawise ditudhuh yen lesmana arep ngarah dheweke, lesmana banjur budhal nggoleki rama lan ngrajah sinta supaya adoh saka godha rencana. Sawise sinta dhewekan, Rahwana banjur teka. Kanthi memba dadi resi kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik sinta.

Jeriting sinta keprungu dening peksi sang jatayu kang nate dadi rencange Prabu Dasarata. Kanthi jiat becik, Jatayu nulungi sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu kang sekarat iseh bisa atur warta marang Rama lan Lesmana, yen sinta kagawa menyang Alengka, kedhatone sang Rahwana. Rama lan Lesmana banjur nglari ilange Dewi Sinta ing kedhaton Rahwana. Ing madyaning alas, Rama kepanggih ratu Kiskindha awujud wanara, ya sugriwa kang sambat njaluk pitulungan marga rumangsa bojone (Dewi Tara) direbut dening sedulure (Subali). Rama saguh biyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh kang bener seng endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji. Rama kasil merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi  sang Rama sinengkuyung prajurit wanara lan pitulungane patih Anoman. Anoman kautus Rama pinangka dutane Sri Rama budhal menyang Alengka ngaturake warta lan kalpika marang sinta. 

Ing kaputren Alengka, Sinta dilipur dening Trijatha. Kanthi meneng-meneng, Anoman mlebu ing alengka lan kapanggih Dewi Sinta. Dumadakan konangan indrajit, putrane Rahwana. Anoman kecekel Rahwana, banjur diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman ora mati ananging malah ngobrak abrik lan ngobong alengka. Anoman bali lan ngaturake warta marang Rama. Kanthi prajurit lan kasektene, Rama kasil nambak samudra kanggo dalan ngrubuhake Alengka. Ing wektu iku, sedulure rahwana aran kumbakarna lan gunawan wibisana kedhawuhan mbiyantu mbela rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Merga wanita, Rahwana ngorbanake negara memungsuhan lawan rama. Kumbakarna trima lunga tapa, dene wibisana lungo saka alengka nggabung senopatining perang kaperjaya dening Lesmana. 
kumbakarna dipeksa mbadharake tapane supaya mbiyantu rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbela rahwana nanging negara wutah getihe. Rama nglepasake panah guwawijaya, kumbakarna tiwas katugel-tugel  dening panah sekti. Rahwana maju ngadepi mungsuh Rama bisa ngalahake rahwana. nalika rahwana kena panah guwawijaya, rahwana banjur dibruki gunung dening anoman. Alengka bedhah lan wibisana kajumenengake dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging ing lakon sinta obong, sinta kauji kasucene dening rama sadurunge nunggal karo rama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar